Sabtu, 18 Desember 2021

ayu cah

AYU CAH
 F sumpah ra nyongko aku
marang dalan cerito uripku
lewat lagu cah ayu
jebul malah dadi karo awakmu

wiwitan cobo cobo
ngadu kenal sing amung sedino
sedino dadi lanjut 
koq suwe suwe bocahe katut

roso jero ati jujur seneng aku
woleh dewi sing ayu koyo awakmu
ning ra oleh grusa grusu,timbang gelo nang mburiku
banjur tak buktekeeee


reff
pancene ayu cah
sak madep sakpolah
tutur lan lakumu,parasmu
gawe ayem batin, endahing donya tak roso tan soyo kebak werno
gowo aku cah ayu
ngadep nang bapak ibumu.

rap
yen weteng lagi senep ojo lali diobati 
yen ati wes kadhung mantep opo maneh sing mbok enteni
mergo lanang kudu kendel,satrio,lan pemberani
ayo ojo suwe suwe wong twane ndang ditekani
Wani wani wani
lapo g endang di tegesi
selak didisiki
terus loro ati
keulang maneh ceritamu sing wingi wingi

Minggu, 05 Desember 2021

iku kowe

ora usah takon alasanku
nyangopo lha koq milih awakmu
ora usah takon alasanku

dowone wektu wis cukup bukti
awakmu wujud nyataning ngimpi

reff
lenteraning ati
sing agawe terang urip iki
iku kowe
aruming melati
sing gawe uripku dadi wangi
(ora liyo) iku kowe

ora perlu takon alasanku
koq kowe tiboning pilihanku 
ora perlu takon alasanku

roso sabarmu wes cukup bukti

Jumat, 12 Februari 2021

tatunggu tekanmu

laksana aruming kembang
sing tak jogo lan tak sayang
ora bakal tak petiki
nyibak kumbang sing nyedaki

aku bakal gelo yen nganti gawe atimu cidro
nadyan lampuh crito kewates lewat layar koco.

reff
tak tunggu tekanmu sang dewi endahing ngimpiku
tak tunggu tekanmu pagering roso setyaku
tak tunggu tekanmu sang dewi pangukir rinduku
tak tunggu tekan dadi ibuning anak anakku

irungmu sing ngundang kangen
pemanise andeng andeng
pangucap sing gawe rindu
tresno ing saben dinoku

Sabtu, 23 Januari 2021

isih ono aku

ngene rasane,yen kebacut ikhlas tresno
nadyan udan,panas grimis aku ora popo
ngene rasane,yen roso wes pakunjoro
nadyan bedo,karo wujud kasunyatan marang ngimpi

*ono ujar sejatining roso tresno
tanpo nanging tanpo aksoro umpomo
bahagianing aku dipasrai gusti njogo sliramu

reff
yen ademe wengi prosomu agawe sepi
ono aku sing ngancani
nglipur nganti tekane bungahmu
yen ramene donya agawe kejer atimu
bakal aku sing ngayomi
nyanding dadi senderan gawe sambatmu


Sworo ambekanmu,pangurip kanggo rogoku
nadyan tanpo roso  pawales tresnoku
remuk atiku yen nganti awakmu tatu
ora bakal tatinggal sakedeping motoku

*ono ujar sejatining roso tresno
tanpo nanging tanpo aksoro umpomo
bahagianing aku dipasrai gusti njogo sliramu

reff
yen ademe wengi prosomu agawe sepi
ono aku sing ngancani
nglipur nganti tekane bungahmu
yen ramene donya agawe kejer atimu
bakal aku sing ngayomi
nyanding dadi senderan gawe sambatmu
yen ademe wengi prosomu agawe sepi
ono aku sing ngancani
nglipur nganti tekane bungahmu
yen ramene donya agawe kejer atimu
iki aku senderan gawe sambatmu